Ibu, Ingkang Tansah Kulo Tresnani . . . . .
Ibu …
Matur suwun Ibu …
Panjenengan sampun ngorbanake
Nyawanipun panjenengan dingge
Nglairke kulo teng donya niki
Kulo …
Anak sing Ibu lairke
Namung saget bales
Perjuanganipun lan pangorbanan Ibu
Kalih donga lan kabektian kulo
Kalih panjenengan Ibu …
Ibu …
Kulo nyuwun pangapunten
Amargi kulo sampun lelakon
Kesalahan kaleh Ibu …
Kulo sadar, umpami mboten wonten Ibu
Kulo mboten saget lahir
Teng donya niki …
Matur suwun sanget Ibu …
Bng. April 2016


Tidak ada komentar:
Posting Komentar